Hadiah Kanggo Warni

Pengalamane Wawan jaman ndhek SMA sing lagi jatuh cintrong ambek koncone sak kelas jenenge Warni.
Wawan iku uwong jirih lan ora PD amargo gak patio gantheng, dadi dhwek'e gak wani nyatakno cintane ambek Warni.
Akhire, Wawan mutusno arep menehi hadiah topi kanggo Warni. Terus Wawan lungo ndhek toko Ramayana. Mari oleh topi sing dikarepno, Wawan menyang kasir ameh mbayar topine. Ning amargo kasire ruame banget jalaran lagi ono diskonan, kasire kleru mbungkus topine Wawan ambek celana dalam arek wedhok sebelahe.

Ora sabar kesuen ndhek'e ngantri langsung wae dibungkus ora diperikso ndhisik, terus mari ngono Wawan menehi pesen surat ndhek njerone hadiah mau sing unine:

" Kanggo dik Warni sing tak tresnani.. Aku sengojo menehi hadiah iki amargo aku weruh dik  Warni arang banget nganggo yen lagi lungo. Awakku yakin banget yen hadiah iki cocok kanggo dik Warni, amargo sak durunge tak tuku uwis tak jajal ndhisik. Ukurane awakke dhewe kan podho.. Roso-rosone aku pengen banget nganggokno dik Warni sakbare mbok bukak. Yen dik Warni seneng ambek hadiah iki. Aku pengen banget dik Warni nganggo dino setu sesuk pas aku ngapel.. O iyo, model terakhir sing tak tonton ndhek majalah2 ibukota, nganggone rodho diplorotke dadi rambute rodho ketok sithik..

Ttd:WAWAN

Related Posts



No comments:

Popular Posts