Sales sabun Deterjen

Mat Pithi, sales sabun deterjen

Pengalamane Mat Pithi blusukan nang rumah tangga ndikkampung-kampung, merga dadi sales sabun deterjen, isok nggandeng Saropah, arek kemayu Kaliasin gang Pompa.Gak urung, sing jenenge pacarane arek sak iki, gakcumak dulat-dulit, tapi yo dulak-dulek. Kathik milih enggon ae yo ndik losmen barang. Cobak, opo maneh sing didulek-i nek wis ndik kamar arek loro. Pisanan kedadeyan, abuk-abukan sampek lali, ngantek wong loro uda bareng, terus dulinan mama-mama-an,papa-papa-an.

Jenenge wong lali, yok opo se....,kedadeyan, wis . Bareng wis mari, saropah kaet eling, nek wis melakukan perbuatan sing kudune durung oleh. Saropah nangisngguguk. 'Onok opo dik, kok awakmu nangis?', pitakone MatPithi.' Yok opo katene gak nangis, cak, awakku iki sak ikiwis gak suci, wis kenek noda', kanda ngono ambek tambah banter nangise.

Mat Pithi langsung nyaut : 'Perkara noda ojok kuatir,dik. Aku duwe produk sing jenenge deterjen anti noda.Bahkan, noda bandel sekalipun'
Saropah yo tambah get olehe nangis, rek..... !

Related Posts



No comments:

Popular Posts