Dingklik

Cak Bondet, dadi Mantri nang Meduro. Cak Bondet ngumpul-no Ibu2 nang Posyandu, gawe penyuluhan Keluarga Berencana. Wakeh Ibu2 sing teko, maklum Mantri-ne, cak Bondet, jik enom lan ganteng masio untu-ne onok sing somplak.

Cak Bondet ngadeg nang tengah podium ambek nggowo TOA, takok, “Ibu2 sopo sing wis melu KB”
Ibu2 podo ngacung tangan kabeh, mung siji loro sing ora melu. Cak Bondet seneng nontok kesadaran masyratakat iki.

Trus cak Bondet nunjuk salah siji Ibu2 kuwi lan takok, “bu’, sampean KB opo?”.
Ibu kuwi njawab, “Aku KB nggawe kondom. Enak. Gampang tuku-ne lan ora ono efek sampingan-e koyok pil. Akeh di-dol nang warung2 lan ora ono hormone sing nggara-i lemu”.
Cak Bondet seneng, wis pinter2 Ibu2 iki, pikir-e cak Bondet.

Trus cak Bondet nunjuk Ibu2 liyo, Ibu2, “ nek sampean Bu’, nggawe opo?”.
“lho nek aku nggawe KB pil pak Mantri. Kondom kuwi ora enak. Ora ono rasa-ne. Pil kuwi gampang nggolek-e. Njaluk sampean wae, pasti di-weneh-I”, jare wedhok kuwi.
Cak Bondet tambah seneng.

“Lha nek sampean Bu”, jare cak Bondet nang Ibu liyane.
“Aku KB susuk pak Mantri. Luwih enak. Ora usah nggombeh pil ben dino lan jik ono rasa-ne. Ora koyo kondom sing anyep. Wis ora repot, ora ono efek samping, lan jik ono rasa-ne…”, jare sing siji kuwi.
Cak Bondet tambah seneng, nontok masyarakat podo pinter2.

“Lha, saiki pertanyaan-ku sing terkahir”, jare cak Bondet. Cak Bondet milih Ibu2 sing enom lan Ayu. Pas cak Bondet nontok onok wong wedhok, enom, putih, ayu, lan duwur koyok wit nongko. Langsung cak Bondet nunjok Ibu2 sing ayu lan duwur kuwi.

Mbok2 enom lan ayu kuwi njawab ambek cengingas cengingis, “kulo KB dingklik pak Mantri…”
Cak Bondet Mantri bingung, lho kok ono KB dingklik batin-e. Dingklik lak soko kayu sing gawe lungguhan nang ngisor pikir-e. Ambek jik bingung, cak Bondet takok, “KB dingklik yok nopo Bu’, sampean iku guyon tah?”.
“mboten pak Mantri. Lanang kulo kuwi wong-e endek. Lha kulo niki lak duwur. Dados, lanang kulo ngagem dingklik menawi “main” ambek kulo”, jare mbok2 enom ayu kuwi.
“Trus..”, jare cak Bondet ora sabar..
“lha menawi sampun ogal ogel lanang kulo kuwi, berarti badhe medhal. Kulo jejek dingklik-e. dados medal njobo pak Mantri…”

Cak Mantri Bondet langsung nyengir…, asu batin-e…

Related Posts



No comments:

Popular Posts