Sleman International Airport

Pramugari Sleman Airline berbicara di pesawat jurusan Yogja.

"Sugeng enjang "  kagem panjenengan sedaya..."

Menawi mangke mripatipun njenengan pedes, napa kupinge budheg, mang emplok mbang gulo niku.. mangke ben njenengan slamet, tulung di-mat-ke kene, piye carane masang sabuk, piye nguncine ben ora ucul, ben kenceng....ngene iki carane nguculi.. klambi plembungan ana nang ngisor kursi panjenengan, ojo dinggo disik, ngenteni pak Kapiten menehi woro2...
Kuwi ojo mbok pindah2 lho, opo maneh mbok gowo muleh, nggo mbok pajang nang ruang tamu mu, mbangane dikamplengi polisi ngarep mburi, dong ra?

..Teros corone nganggo klambi plembungan-e, lebok-no lewat gulu, kuncinen panggonan sabuk sing nang ngarepan kuwi, ojo kekencengen, engko kowe bingung ora iso ambegan kuwi iso mbok dhamu, sing penting ababmu ora mambu

Ben iso kemambang nang mbanyu, tarik en cenul2 werno abang jambu bol kuwi, elingono tenan, tariken nang njobo pesawat, nek mbok tarik nang njero pesawat, ngko njenengan ra iso metu seko pesawat... wong mlembung gede, lawange ra cukup, iso temangsang

Nek meh metu seko pesawat antri ??, baris koyo bebek ... holobis kuntul baris..

Nek ambegane wis mulai angel, kuwi masker oksigen tibo dewe seka nduwur sirahmu, kop werno kuning2 kuwi nggonen, sak uwong siji lho, jo rebutan, ngisin2i

kertu petunjuk darurat ana nang dlesepan ngarepmu, wacanen rasah diapalke ngko edan dewe kowe.. ngono sek ?ªªªãå pakdhe, budhe, paklek, bulek, mas, mbak, le, nduk, ojo nyelelek!

O yo , Nek meh moco2, penceten cenul2 nang nduwurmu kuwi.
Kuwi nggo nguripke lampu
Dong to ??

Related Posts



No comments:

Popular Posts