Purbalingga Bandara International

Tahun 2020 di WIRASABA PURBALINGGA arep dibangun Bandara International, persiapan wis mulai dengan training krew bandara sampai pramugari pesawat, yang menarik para calon pramugari sudah pada apal cara demo perlengkapan penyelamatan penumpang sbb :

Pramugari : " Sugeng enjang kagem panjenengan sedaya. Mbokan mengko matane sampean pedes, utawa kupinge budheg, aja klalen diemut bae permene....

Men kowe kabeh pada slamet, tulung pada ndelengna maning, kepriben carane masang sabuk, kepriben nguncine, ben ora cepet ucul, ben kenceng. Kaya kiye carane nguculi.

Klambi plembungan ana nang ngisor kursine sampeyan, aja dinggo disit, ngenteni pak kapten ngewehi pengumuman2.
Aja dipindah pindah, apa maning digawa balik nggo pajangan nang ruang tamu. Dari pada tak kamplengi...paham ora ...?!

Kuwe nganggo klambi plembungane, dilebokna liwat gulu, kunci sabuk nang ngarep, aja kekencengan, engko kowe bingung oya bisa ambekan.
Bisa juga disebul, sing penting ababmu ora mambu......

Ben bisa ngambang nang banyu, tarik cenul-cenul warna abang kuwe. Eling, narike nang njaba pesawat, angger nang njero mlembunge, lawange ora cukup, malah bisa nyangsang. Nek arep metu sekang pesawat, kudu ngantri, baris kaya bebek bis kolobis kuntul baris......

Angger ambekan mulai sesek, masker O2 tiba dhewek sekang dhuwur ndas. Kuwe wis siji siji lho, aja rebutan..ngisin-ngisini....

Kartu Petunjuk Darurat ana nang dlesepan ngarepmu nggo diwaca. Ora usah diapalna mengko malah edan sampean......

Kaya kuwe bae disit yaaaaa...
Pakdhe, Budhe, Paklik, Bulik, Mas, Mbak, Le, Nduk..........

Oiyoooo...Angger arep maca2 penceten cenal-cenul nang dhuwurmu nggo nguripna lampu baca.....Pahaaaammmm ora...?".

Related Posts



No comments:

Popular Posts