Permen Karet Terpenting

Wonokairun lagi mondar-mandir nang stadion tambaksari molak-malik kursi penonton.
Ketepakan stadione lagi sepi gak ono pertandingan.
Lagek oleh limang baris, dhadhak pethukan ambek Brudin sing lagi serabutan ngeresiki stadion.
“He Mbah, laopo ben kursi kon inceng sithok-sithok” jare Brudin.
“Wingi sore aku nontok bal-balan ambek mangan permen karet terus tak templekno nang ngisore kursi.
Cuma masalahe aku lali wingi longgone nang endhi, mulakno aku kepekso merikso kuabeh kursi sithok-sithok, lek ono permen karete langsung tak jabut.
Dheloken iki, aku wis oleh sak kresek.” jare Wonokairun.
“Waduh terharu aku mbah, pancene sampeyan iku pantes diconto. Umpomo wong kuabeh ndhuwe kesadaran tanggung jawab koyo sampeyan, wah enak tugasku.” jarene Brudin.
“He Din, niatku iku dhudhuk arep ngewangi awakmu. Kok nyimut !!!” jare Wonokairun.
“Arep laopo lho …?” jare Brudin bingung.
“Untu emasku coplok ceket nang permen karete . . “

Related Posts



No comments:

Popular Posts