Kucing diumbah Rinso

"Pak Joko, aku tuku rinso ne",

" Gawe opo mbah..?",

" Kucingku keno lumpur, kate tak umbah...." Jare mbah Cukluk,

" Mbah, sampeyan iki aneh-aneh ae, yo mati kucing sampeyan, kucing kok di umbah ambek rinso? ", jare pak Joko, tapi si mbah tetep mempeng ae ,

Singkat cerita, pak joko tetep ngedoli rinsone,

Besok pagi, si mbah teko nang toko ne pak joko,

" Yok opo kucing e sampeyan mbah ?",

" Kucingku mati, " jawab si mbah,

" Lha, temen tho ? Sampeyan iki diomongi gak percoyo, gak iso kucing diumbah rinso iku mbah....",

"Tapi kucingku mati dudu mergo tak umbah rinso, wong mari tak umbah isik urip kok....",

" Lha terus, matine opo o??" takon pak joko,

" Tak peres....",

Related Posts



No comments:

Popular Posts