Si Amat Semarang

Si Amat (dudu Achmad lho) wiwit cilik manggon ndok galwareng Semarang, lahir 40 taun kepungkur ndok RS Tionghowa Iwan, saiki nyupir datsu jurusan nggaron – rayu lewat panglima.

Memper yen deweke saiki nyupir, nom-nomane mbeling, gawene galapan brompit lan sering kongkow-kongkow ndok panglima nalika isih anyar-anyare.
Numpake brompit jan sangar banget,samber nggelap tenan.

Maklum yen nalika semono deweke ngerek, bapake mbutge ndok duane, ngicune mbutge ndok kantor anim Jl. Tanjung. Dadi ya gamdo tenan.

 Si Amat wayahe sekolah sering co lut, yang-yangan lan klayapan ora genah parane.
Guru-gurune ngrasake Amat ngasi pecah ndase.Uripe saiki walik grembyang tenan, anake wis loro, denyom-denyom kuabeh, tapi deweke isih katon mbois, cambange jan leb godeg tenan.

Bojone dol balangan ndok citarum. Amat saiki wis ora gelem ita-itu maneh, nyupir sakdrema wae, anggere wis entuk patang tangkep terus mulih, arepa juragane nyolu-nyolu kon mancal ngasi bengi. Anak mbarepe dol janganan  ndok pasar maling.

Related Posts



No comments:

Popular Posts