Cara Nonton Gratis di Bioskop

Isuk2 jam 8 telfone muni nang meja loket bioskop..

Kartam: "Halo, halo kang, aku arep takon kihh.., bioskop bukak jam pira?"

Petugas : "Jam 1 kang"

Kartam: "Lho apa ora di bukak jam 9 wae?"

Penjaga: "Ora kang, pas jam 1 bukake"

(Pas jam 11, telpon muni meneh)
Kartam: "Halo, halo kang, bioskop bukak'e jam pira to?"

Penjaga: "Kowe sing mau nilpun ya? Wong uwis diomongi bukake jam 1 kok ngeyell"

Kartam: "Jam 12 wae kang"

Penjaga: "Ora isooo, iki dudu bioskope mbahmuu.."

Kartam: "Ya ngenyang sithiik lah, bukak jam setengah 1 ya"

Penjaga (mulai nesu): "jane ngapa to kowe, angger aku muni ora ya ora, apa kowe arep nonton meneh..? Kayane kok ora sabaran tenan!"

Kartam (karo mbengok2):
"Iki aku kekancingan nang njero kang, mau bengi bubaran pilem aku ki keturon raeneng sing nggugah. Tulung bukakna lawange kang..!!!"

Penjaga: "La mbok ngomong kit mau...!!! Gemblung.."

Related Posts



No comments:

Popular Posts