Rahasia Belanja di Pasar Mendapatkan Harga Murah

LIMBUK DAN TOGOG.

Koyo biasa saben isuk Limbuk blonjo menyang pasar..

Limbuk: "bocah cilik mangan koro, iwak'e pitik sak kilo piro,Kang?" (kipas2 karo nyangking tas)

Togog: "bocah cilik ngilo karo kukur2, iwak pitik'e sak kilo patlikur dik". (ngebuti laler)

Limbuk: "mbukak lawang karo tekenan,kok larang tenan,huh" (mlengos)

Togog: "pinggir sawah akeh dong rawe,pengen murah nginguo dewe, hehehe". (mrongos)

Limbuk: "tuku lohan neng pasar mbirowo,yen jerohan (ati rempelo) piro?"

Togog: "duren papat dipangan trewelu,yen seprapat patangewu". (nyisir untu)

Limbuk: "arep mbeleh nggawe parang,kabeh kabeh kok larang". (mencep)

Togog: "aluminium panci arane, yowes umum yen sakmene regane...kios buku ono blora,sios tuku nopo ora?" (mulai mangkel)

Limbuk: "njupuk watu gawe dakon,sakdurunge tuku yo mesti takon.." (sewot)

Togog: "nyuluh yuyu neng pinggir pasar, seng tuku ayu maleh iso sabar, wekwekwekwek" (melet2)

Limbuk: "kelan buncis kelan kelan koro.. yen SOSIS e kuwi piro?". (nduding lerekan clono'ne Togog seng mbukak)

Togog: (sak kal nyawang mengisor njur nylerek'ne lerekan) "sikat gigi gawe odol,yen iki ora di dol... ngumbah kuku gawe molto,yen ora tuku gek minggato " (nggusah Limbuk)

Limbuk: "enek kethek nggawe cawet..
Wes rupane elek SOSISe puret wkwkwkwkwkwk". (mak weerrr mlayu karo cincing2 daster)

Togog:"aaaarrrgghh". (nguntal mejo).

Related Posts



No comments:

Popular Posts