Bandara Internasional Tegal

Pengusaha (BP)  ingin membuat para warga BANYUMAS bangga dengan Airline yang dibuka ,maka memakai ICON "TEGAL AIR "
Dengar initial nama pengusaha itu ( BP )
Nach ini instruksi BP kepada para Pramugarinya.

Baru saja di launching pesawat baru "TEGAL AIR" yang sangat nasionalis fanatik kedaerahan. Saat pramugari ngasih instruksi ke penumpang pesawat, beginilah jadinya:

"Dulur-dulur penumpang, delat maning kapal mabur pan mabur. Sadurunge, nyong karo pramugrari liyane pan nuduhna carane ngadepi keadaan darurat. Klambi plembungan ana nang slesepan ngisor jok, dingo dong kapal mabur mandeg nang duwur laut."

"Carane njukut klambi sekang slesepan terus dingo, tarik taline ben klambine mlembung, endah sampeyan ora pada klelep nang laut. Ati-ati aja dibeset mengko klambi plembungane modol-modol terus sampeyan bisa modar. Pipa karet didamu ben lampune kedap-kedip dadi bisa dideleng sekang kadohan. Klambi kuwe aja dicolong utawa digawa balik, angger konangan bisa ditempiling koen."

"Motor mabur kaya kiye ana nem lawange, loro nang ngarep, loro nang sewiwi, terus loro maning nang mburi. Angger pesawat kurang hawa nggo ambekan, mengko metu dewek masker oksigen sekang loteng. Angger masker mecotot, gagiyan dingo, ambekan kaya biasane bae, aja ngos-ngosan, marakna liyane pada wedi. Semene pengumuman sekang enyong, angger pan maca majalah apa Koran, kuwe ana nang slesepan jok ngarepe koen kabeh. Angger pan mutah nganggo plastik nang ngisor jok. Aja janji mutah koprat-kaprit njijeni nemen, inyonge sing repot ndadak ngresiki ana apa."

"Angger pan nguyuh jumblenge nang mburi. Aja nguyuh karo udud, kapan konangan diuyuhi sisan kon. Aja ngising disit ya.. nek mabur, mbokan taine nibane ndase wong-wong sing nang pasar, Nek kebelet nemen ya sabar ndisit nang bandara bae ya.. mengko nek mudun. Aja nguyuh nang jumbleng ngarep, kae jumblenge wong sugih.."

"Wis lah..cangkeme teol, moga-moga slamet waras bregas bisa mudun maning. Kaya kuwe bae ya, suwun.. Oh iya, njaluk pangapurane ya, mbokan ana sing nggawa endog kapan laka ya tahu kuping, tulung aku njaluk saanane, inyong ngelih nemen awit manjing during mbadog."

Related Posts



No comments:

Popular Posts