Info Rahasia Tabib Termanjur Se Indonesia

Nang Daerah cedhak kenjeran, ono klinik jenenge "TONG PES". nang kono ditulisi Sopo ae sing berobat nang kono gak waras, dhuwite dibalekno sampek 5x lipat. Saben dino
klinik iku rame terus, gara-gara slogane sing provokatif. Tapi yo ngono,
saben berobat nang kono,
pasienne mesti waras. Durung tau ono sing komplain, gara-gara ga' waras.
Akhire ono arek jenenge puguh cungkring iseng2, pengin ben klinike ga' iso nangani ben dhuwite iso mbalik 5x lipat.
Dhewe'e ngarang penyakit sing kiro2 aneh, sing wong durung tau krungu.
"Bib, aku iki koq duwe penyakit aneh yo?", Curhat nang tabibe TONG PES
"Penyakit opo cak?" Jare tabibe
"Iki lho bib, aku ben mbadhog koq ga' kroso opo2. Pedes, asin, legi, ga' kroso blass."
"Owalah, iki ngono penyakit gampang diwarasno. Mei chan, tulung jupukno obat no. 7"

"Iki cak obate sampeyan ombe saiki. ono perubahan opo ga'?"
"[Aku pura2 ga' kroso opo2 ah ben dhuwite iso mbalik]" Mbatine puguh.
Barang diombe, eh... puguh keceplosan "Jancoook iki nganu dudu obat bib, tapi telek pitik,
matamu picek tah"
Tabib "Wah, berarti wes waras raimu... cangkemmu wes iso ngrasakno telek pitik barang"

Akhire puguh mulih karo nggremeng ga' mari-mari.. "Asuu, wedhooss, gatheli tabib iku"
Minggu ngarepe, puguh iseng maneh, pengin berobat nang klinik TONG PES.
" Mugo2 aku ga' apes cok,
entok duwek akeh gae nggarap wedok'an"

"Bib, aku duwe penyakit aneh"
"Opo iku?"
"Ngene bib, aku akhir2 iki koq gampang lalian. Jek tas 5 menit nggacor wes lali opo sing di nggacorno"
"walah... gampang iku"
"[Cok, asuuuu, koq ngomong gampang meneh?", batine puguh sing wes merinding ra karuan.
"Mei chan, tulung jupukno obat nomer 7", jare tabibe..
"Bib ojo gatheli yo raimu cok, aku moh nek obat no. 7"
"Lhaa opo'o?"
"Iku duduk obat suu, tapi telek pitik"
"lha iku raimu eling cok, berarti penyakitmu wez waras pek!!!"
"Wes bib, ga' sudi aku ga' kate brobat meneh. Gatelli ben nang kene disuguhi telek itik. Apes tenan awakku"
Tabibe ngguyu cekikikan...!

Related Posts



No comments:

Popular Posts