Undangan William & Kate

Nambut Silaning Akrami

KATE MIDDLETON, Amd.
(Putri Bpk. Michael / Ibu Carole)

kaliyan

WILLIAM ARTHUR PHILLIP LOUIS,SE,MM
(Putra Bpk. Charles Philip Arthur George / Ibu Diana Spencer .almh)

Dhaup Suci :

Dinten : Jumat Kliwon
Suryo Kaping : 29 April 2011
Wanci Tabuh : 09.30
Mapan ing : Wsminster Abey, London

Winantu Sagunging Pakurmatan,

Kanthi Lumaraping Nawala Sedhahan, Minangka Sesulih Pisowan Kula Wonten ing Ngarsa Panjenengan,
Sinartan Nyadhong Berkahing Gusti Ingkang Maha Tunggal, Kula Sabrayat Hanggadhahi Pangangkah Badhe Ngawontenaken Syukuran Tuwin Pawiwahan Dhauping Sri Penganten Anak Kula,

Dinten : Jumat Kliwon
Suryo Kaping : 29 April 2011
Wanci Tabuh : 12.00 – 14.00
Mapan ing Gedung Kraton Buckingham, London.

Setuhu Badhe Damel Bombong Saha Mongkoging Manah Kula Sabrayat, Bilih Dhangan ing Penggalih Saha Sepen ing Sambekala Bapak / Ibu Kepareng Rawuh Hangestreni Saha Paring Puja Pangastuti Dhumateng Anak Kula Sri Penganten, Supados Dados Kaluwarga Ingkang Bagya Mulya

Wasan Kula Sagotrah Hangaturaken Agunging Panuwun Saha Nyuwun Lubering Pangaksami Sadaya Kekirangan Dalah Kalepatan Kula.


Atur Taklim Kula,

Keluarga Bpk. Michael/Ibu Carole

Keluarga Bpk. Charles/Ibu Diana (almh)

♥ Kate & William ♥.

Related Posts



No comments:

Popular Posts